Kanthi maos bismillah wal hamdu lillah
Sholawat salam katur gusti rosulillah
Nyuwun sewu para hadirin sedaya
Sepah anem jaler estri ingkang mulya
                Kula
suwun sedaya samiha kersa
                Ngikhlasaken
penggalih menika mangsa
                Kangge hurmat
manaqib riwayatipun
                Waliyullah
ingkang sanget mulyanipun
Abdul Qodir jaylani menggah asmane
Ibnu Sholeh bin Musa asma ramane
Musa putra Janki Dausat eyangipun
Ibnu Abdullah asmane buyutipun
                Ibnu
Abdullah putrane Yahya Zahid
                Yahya Zahid
putra Muhammad bin Dawud
                Dawud
putra Sayyid Hasan ingkang luhur
                Abdullah
Musthofa embah gantung siwur
Embah ingkang sedasa asmane
Sayyid Hasan Musa kang sanget mulyane
Putro dalem Sayid Hasan wayah nabi
Putra Fathimah  garwa
bagindo Ali
                Syekh
Abdul Qodir Jaylani wayah nabi
                Turun
kaping telulas saking njeng nabi
                Langkung-langkung
manfaat lan faedahe
                Manaqiban
langkung kathah barokahe
Sinten-sinten ingkang kersa nindaaken
Manaqiban kanthi ikhlas saha remen 
Badhe nampi ganjaran dunyo akherat
Kaparingan rizqi jembar lan manfaat
                Slamet saking
pancabaya sak wernane
                Aman tentrem
enggal hasil panyuwune
                Ngicalaken
susahe ati prihatin
                Nulak sedaya
penyakit lahir bathin
Nanging kedah mawi adat tata krama
Ngasta wudhu syarat kang langkung utama
Kedah khusyuk saha anteng tumindake
Kanthi rajin madep kiblat pinarake
    Saben-saben kepireng dhateng
asmane
                Syekh
Abdul Qodir fatekah waosane
                Kulo kinten
cekap semanten kemawon
                Atur kula
perlu kangge perhatian
Mila mangga sak menika den awiti
Kanthi ridane penggalih cipta ati
La haula wa laa quwwata illa billah
Nyuwun tambah barokah mangga bismillah
 

No comments:
Post a Comment
Blog ini bukan untuk debat, saling menjatuhkan, saling mengejek dan berkomentar yang kurang baik. Ini adalah sebagai tambahan pengetahuan dan ajang untuk saling mengerti. Allah yubarik fik